Sabtu, 29 November 2014

Kumpulan Contoh-Contoh Puisi Bahasa Jawa atau Geguritan

Geguritan merupakan karya seni sastra berbentuk puisi berbahasa jawa.Puisi dan Geguritansebenarnya hampir tak ada perbedaan dalam segi penulisan yang membedakan hanyalah dari segi bahasa.


Geguritan pada zaman dahulu ditulis dalam bahasa krama inggil oleh pujangga dan banyak berkembang di lingkungan keraton.Seiring perkembangan zaman geguritan tumbuh juga di kalangan biasa yang memakai bahasa jawa krama alus atau pun bahasa jawa ngoko,bahkan sekarang menjadi mata pelajaran muatan lokal di sekolah-sekolah khususnya Jawa tengah,Jawa timur dan Yogyakarta.


Dibawah ini ada beberapa contoh geguritan semoga bermanfaat


ALANG-ALANG

tak akoni
aku dudu opo-opo 
ugo dudu sopo-sopo
akeh sing podho sio-sio
tak akoni
aku dudu puspo arum
ugo dudu tanduran edi peni
sing biso gawe ati ayem
ojo to di tandur ing taman sari
biso ngimpi wae ora wani
aku tanduran tanpo aji
aku tanduran tanpo guno
sing tinitah dadi alang-alang




ISIH SETYA

apa sliramu isih kelingan
nalikane lungguh sesandingan
naleni janji kasetyan
awit wiwitan nganti pungkasan

kerlipe lintang dadi seksi
pangucap tulus suci
janji setya dibundheli
nora bakal diblenjani

nganti seprene aku isih setya
pengarep tresno iki dadi nyata
sesandingan urip bahagia
bareng sliramu sing ora ana liya


BINGUNG

pangajab ngenam aksara

ngeronce tembang katresnan

nanging tan bisa nemu ukara

kang bakal bisa dak tata

pikirane buntu 

ukara uga ora ketemu

tembang tresna tan bisa dak ronce

isih dak simpen ing jerone pengangen




KANGEN

gedene rasa kangen
mung bisa tak simpen
ing jerone pengangen-angen

tan bisa nyawang
sing katon mung wewayang
gegambaran ing awang-awang

nora bisa nyanding
mung sumimpen ing jerone pepiling
bebasan urip kaya godong garing

kangenku wus sundul wiyati
nora ono bisa angobati
lintang panjer wengi sing dadi seksi

wektu seminggu koyo sewindu
liwat semilireng bayu
aku nitip rasa kangen rindu


P0SO

wulan poso wis teko

tuo mudo podo suko-suko

nyambut sasi kebak ramat

kanggo umate nabi muhamad

wulan berkah nindake ibadah

nyegah mangan lan nggombe

wiwit isuk nganti sore

sewulan lawase


AMBYAR

wolung wulan kawuri
wus kaucap janji
koyo arume kembang melati
sing gawe bungah ati


tansah dak iling-iling
suara mu isih kumandang ing kuping
janji mu tansah tak bundeli
lan ndedongo mugo-mugo kowe ora lali


saiki wancine wis tibo
pangerep-arep ku wis teko
wolung wulan ngampet sabar
pindho nglumpuke beras semebar


nanging sabar ku kudu ambyar
pangarep-arep ku melu buyar
saiki kowe ora ono kabar
mboh,minggat apo mo**r


TRESNA SEMU

Tresno ku tresno semu
Ing donyo moyo nggonku ketemu
Tresno ku tresno semu
Snajan semu tansah gawe angel turu

Saben dino ngomong sayang
Nanging ono ing awang-awang
Mung foto mu sing biso tak sawang
Bebasan mung kangen karo ayang-ayang

Tresno ku tresno moyo
Snajan moyo dudu mung tresno ukoro
Tresno ku tuwuh seko dodo
Sing ora bakal sulap karo gebyare donyo

Duh Gusti kang Maha Kuasa
Dadekno nyoto tresno kawulo
Nyoto ing alam donyo
Ora mung tresno ing donyo moyo



KASUNYATAN

tak tompo kasunyatan iki
lan ugo kudu biso enggal noto ati
yen kelingan janjimu dek wingi
sing saiki wis mbok blenjani

tak pekso kudu biso nompo
snajan ati kroso loro
kudu biso nompo kanthi legowo
snajan nyeseg sajrone dodo

tanpo guno nggetuni lungo mu
tanpo guno nggondeli laku mu
luwih becik nglalekne sliramu
sing lungo tanpo pamit ninggalne tatu

rino wengi tansah ndedongo
mugo-mugo loro iki gek ndang sirno
ginanti kebecikan sing luwih sampurno
mugo-mugo di ijabah Gusti Kang Maha Kuasa




Beberapa contoh geguritan di atas semoga dapat bermanfaat dan dan dapat menghibur kita semua.Kami ucapkan terimakasih telah mampir di blog ini,kunjungi juga HUMOR dan CERITA LUCU