Sabtu, 10 Januari 2015

Kumpulan Puisi Bahasa Jawa atau Geguritan dengan Tema "NELONGSO"

Nelongso atau bahasa gaulnya anak jaman sekarang di kenal dengan istilah galau. Perasaan galau pasti pernah dirasakan oleh setiap orang. Mengapa nelongso pasti pernah di rasakan oleh setiap orang?? Karena setiap orang pasti pernah punya masalah,entah itu berat atau ringan dan tak mungkin selamanya hidup orang selalu  dalam keadaan senang .



Banyak sebab yang bikin hati nelongso,mungkin karena keinginan yang tak kesampaian atau karena urusan asmara yang biasanya di alami oleh para remaja yang telah mulai kenal dengan pacaran. Entah itu karena cintnya di tolak atau karena masih jomblo akut.


Refreshing,banyak bergaul,rajin olah raga atau kegiatan sosisal merupakan cara-cara yang ampuh untuk menghilangkan hati nelongso di bandingkan hanya dengan mengurung diri di kamar meratapi nasib.

Di bawah ini kami tulis beberapa puisi bahasa jawa atau geguritan yang bertema nelongso. Mudah-mudahan dapat menghibur sejenak atau mungkin juga malah nambahi rasa nelongso itu.



ROSO NELONGSO


ing antarane tumiuping angin wengi

ugo ing sajerone udan riwis-riwis

ono roso panelongso sing tanpo umpomo

tembang katresnan wus ilang kumandange

kidung asmoro tembang kasetyan wis ora teko

panelongso iki dudu cerito ngoyoworo

wewayangn mu tansah nggodho ing ngareping netro

esem manis mu tansah ngreridhu

gegambaraning sliramu teko ing saben wektu

nanging....

opo roso pangroso iki mung bakal dadi crito

opo endahing roso tresno iki kudu di selaki

jiwo iki bakalan suwung tanpo manis esem mu

rogo iki ugo ora ono doyo tanpo nyanding sliramu

=================================================


JANJI WINATES LATHI


janji mung winates lathi
tan keno di cekel lan di ugemi
tansah di lalai lan di blenjani
tibane mung gawe lorone ati

saben ngrepto ukoro
adoh seko ukoro nyoto
tan keno biso di percoyo
koyo-koyo wis dadi sandangan saben dino

opo bejane wong ngapusi??
yen nang ngendi-ngendi di sengiti
yen nang ngendi-ngendi di kondho olo
di singkrihi konco lan nambah doso

bebasan ngunduh wohing pakarti
sopo nandur bakal ngunduh ing tembe mburi
sopo seneng mblenjani bakalan di apusi
nemoni piwales lan azabe Gusti

=================================================


AMBYAR


wolung wulan kawuri
wus kaucap janji
koyo arume kembang melati
sing gawe bungah ati

tansah dak iling-iling
suara mu isih kumandang ing kuping
janji mu tansah tak bundeli
lan ndedongo mugo-mugo kowe ora lali

saiki wancine wis tibo
pangerep-arep ku wis teko
wolung wulan ngampet sabar
pindho nglumpuke beras semebar

nanging sabar ku kudu ambyar
pangarep-arep ku melu buyar
saiki kowe ora ono kabar
mboh,minggat apo mo**r


===============================================


Mudah-mudahan dengan membaca puisi-puisi di atas tidak menjadikan kita tambah nelongso tetapi membuat kita segera bangkit dari rasa nelongso. Cari hiburan seperti membaca Humor dan Cerita Lucu biar kita segera lepas dari rasa nelongso,atau bisa juga rasa nelongso di tuangkan dalam tulisan Puisi dan Geguritan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar